Kamis, 11 Mei 2017

Bahasa Jawa; Unsur Intrinsik Carita Anoman Obong

Nganalisis Carita ‘Anoman Obong’ 
Critana isi crita wayang kasebut!
Anoman Obong
            Dewi Shinta wis kelakon didustha dening Prabu Rahwana/Dasamuka menyang keraton Alengkadiraja. Dewi Shinta dipapanake ing Taman Kaputren. Ing taman, Dewi Shinta ora doyan mangan lan ora doyan ngombe. Awake kuru aking, rambute dawa nggimbal ora digelung amarga wis suwi ora adus. Kabeh mau ditindhakake supaya Rahwana wegah nyedhaki dheweke. Kanggo njaga keslametane, menyang ngendi wae Dewi Shinta tansah nggawa cudrik/keris cilik. Samangsa-mangsa prabu Rahwana teka arep ngrudapeksa, dheweke banjur ngancam arep nganyut tuwuh utawa bunuh diri.
Ing taman amung Dewi Trijatha sing bisa ngarih-arih lan bujuk Dewi Shinta supaya gelem mangan. Dewi Trijatha kuwi anake Gunawan Wibisana adhine prabu Dasamuka dadi isih ponakane Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha kuwi rupane ayu lan polah tingkahe ora kasar kaya buta Alengka. Polah tingkahe lan solah bawane ora beda karo putri keraton liyane. Upama ora ana Trijatha Dewi Shinta mesti wis mati suduk sarira, Trijatha kasil ngarih arih Dewi Shinta supaya ora lampus dhiri.
Ora kacarita nelangsane Dewi Shinta ing tangane mungsuh. Dene Sri Ramawijaya Kasil dadi ratu angratoni bangsane kethek saka kraton Guwa Kiskenda andhahane Sugriwa.  Sawijining dina Sri Ramawijaya kirim utusan kethek putih aran Anoman. Anoman Dinuta Sri Ramawijaya supaya golek  sisik melik ing ngendi lan kepriye kahanane Dewi Shinta. Tekan keraton Alengka, anoman njujug taman keputren. Ing kana Dheweke kelakon nemoni dewi Shinta lan Trijatha. Anoman mbanjur ngaturake ali-aline Sri Rama marang Dewi Shinta. Sawise mangerteni kahanane Dewi Shinta lan entu sisik melik bab kahanane kraton lan prajurit Alengkadiraja, Anoman banjur pamit bali. Emane nalika arep bali anoman konangan lan kecekel prajurit Alengkadiraja. Anoman dirangket disowanake  Prabu Rahmawana. Dening Prabu Dasamuka Anoman diukum obong. Anoman diukum obong ing laun alun Alingka. Nanging Anoman kuwi kethek sekti mandraguna, ora tedas diobong. Nalika diobong Anoman mberot banjur pencolotan sandhuwure wewangunan keraton lan omah. Wewangunan lan wiwitan sing diencoke Anoman kabeh kobong. Keraton Alengkadiraja sing maune apik lan endah saiki dadi segara geni sing mbulat- mbulat amarga pokale Anoman. Prabu Dasamuka nesu  lan mrentahake prajurit Alengka supaya nyekel Anoman.  Nanging Anoman wis kasil lolos lan bali atur palapuran marang Sri Ramawijaya.
Swasana lan kahanane keraton alingkadiraja nalika diobong dening Anoman kaya sing di caritakake ing lagu campursari Anoman obong.

Analisinen unsure intrinsik crita wayang kasebut!
         Tema  : Anoman  duto
         Paraga         :
q  Paraga Utama :
·         Anoman
q  Paraga Pambiyantu
*      Dewi Shinta
*      Prabu Rahwana
*      Rama wijaya
*      Dewi trijatha
         Penokohan    :
v  Prabu Rahwana : kasar , Adigang, Adigung, Adiguna (Antagonis)
v  Dewi Shinta : alus ,setya tuhu dumateng garwa (Protagonis)
v  Anoman : Trengginas, julik (pinter), lan gadhah tanggung jawab. (Protagonis)
v  Dewi Trijatha : Polah tingkah lan solah bawahipun alus ,remen      tetulung. (Protagonis)
v  Rama Wijaya : gadhah budi ingkang bawa laksana, remen tetulung dumateng   tiang sanes. (Protagonis)
      Setting :
v  Panggonan    : kraton Ngalengka Diraja
v  Wektu         : Nalika Rama Wijaya lan Raden Laksmana wonten ing alas.
v  Kahanan       : Rame, Tegang
         Sudut Pandang       : Tiyang  katelu  ingkang dados pengamat.
         Alur   :
v  Dewi Shinta dipun culik Prabu Rahwana lajeng dipun betha dhateng Ngalengka Diraja , wonten  Ngalengka Diraja Dewi Shinta mboten purun nedha, ngombe, lan siram.
v  Wonten taman Dewi Shinta dipun kancani Dewi Trijatha ingkang ngarih-ngarih Dewi Shinta supados purun nedha, ngombe lan siram.       
v  Sak lajengipun Prabu Rama Wijaya kengen nyumerapi kawontenanipun Dewi Shinta . Anoman jujug taman keputren manggihi Dewi Shinta lan ngaturake sesupa saking Rama Wijaya. Nalika Anoman badhe medal/wangsul Anoman kecepeng dening prajurit Ngalengka lan dipunaturaken dumateng Prabu Rahwana.
v  Prabu rahwana maringi hukuman obong. Dumateng Anoman. nalika Anomandipun obong , anoman mencolot dumateng saindenge kraton Ngalengka ngantos kraton Ngalengka kobongan. Saklajengipun Anoman wangsul manggihi Rama Wijaya ngaturaken asile pun dumateng Rama Wijaya.
Jinising alur :  Alur maju, Amargi carios niki gadhah urutan carios ingkang pas kalih urutan wedalipun/ carios ingkang nggambaraken swasananipun sakniki kanthi salajengipun
         Plot :
v  oranye : Orientasi
v  Abang  : Komplikasi
v  Biru     : Resolusi
v  Ijo       : Koda/ panutup
         Amanat : Sinten kemawon ingkang namem tartamtu badhe ngungduh wohing pakarti

Analisanen unsure ekstrinsik crita wayang kasebut!
1.     Latar Belakang pangaripta : Latar belakangipun pagripta ndamel carios nikiinggih punika amargi pangripta badhe njlentreaken menawi tiyang ingkang becik solahbawanipun bakalan dipunjaga kaliyan gusti kang mahakuasa.
2.    Nilai nilai ingkang wonten sajroning carita :
         Nilai  Keagamaan
q  Minangka sawijining wanita, kita kedah saget njaga pakurmatanipun dhirinipun piyambak.
q  Minangka sawijining manungsa kita ora bisa  nindhakake perilaku rena rena ingkang mboten becik.
         Nilai  Moral
v  Kita mboten pareng tumindhak ala kalih manungsa liyane, amarga tindhakan niku bakalan dipunbales dening gusti kang mahakuasa.
v  Tiyang ingkang becik solahbawanipun mesthi dipunlindungi kalih gusti kang mahakuasa.
         Nilai  Budaya
Ø  Wonten kerajaan mesthi wonten ingkang njaga, kayata prajurit

Terangna relevansine crita wayang kasebut karo kahanan jaman saiki!
          Crita Dewi Shinta ingkang dipun dusta kalian Prabu Rahwana raja Alengka Diraja nggambaraken watak utawi sifatipun manungsa wonten alam ndonya nggih menika salah sawijining wanita kedah teguh njagi harkat lan martabatipun sarta kesucianipun senadyan wanita menika manungsa ingkang ringkih ananging menawi wonten niat lan mbudidaya sarta kagungan tingkah laku ingkang sae, sedaya menika saged ngawonaken niat utawi tingkah laku ingkang angkara murka utawi mboten sae.

Saklajengipun crita anggenipun mbebasaken Dewi Shinta, Prabu Ramawijaya maringi tugas dhumateng prajuritipun ingkang paring asma anoman, crita ing nginggil nggambaraken tingkah laku manungsa ingkang kagungan watak utawi sifat ingkang remen pitulung kalian tiang sanes ingkang mboten ngajeng ngajeng piwales nopo nopo, nggambaraken ugi sifatipun manungsa ingkang manut miturut dhumateng dawuhipun pemimpin, kendel, pinter sarta kagungan cara kangge nglumpuhaken musuh.

7 komentar:

Makromolekul III;Pengertian, Struktur, Penggolongan, Sifat, Kegunaan, Uji LIPID/LEMAK

  LIPID 1.     Pengertian Lipid Lemak (lipid) merupakan senyawa yang tidak dapat larut dalam air. Secara umum istilah lemak merujuk pa...